Lirik NDX A.K.A - Wegah Pisah

ibarat awak wes kroso sayah
nanging atiku durung pengen pisah
ibarat batinku wes kroso kesel
tapi tanganku iseh pengen nyekel

aku tak ngalah ben tresno ra bubrah
demi kowe ati tak gawe betah
kowene dadi geni, aku sing banyu
akune mbok nesoni, tetepku tresno awakmu

wegah aku kelangan
perjuanganku jempalikan tenanan
tetep kuat ati nglewati cobaan bareng ngadepi rintangan

nekat bakal tak terjang
gedene masalah sing neteki dalan
sabarno atimu, usapen eluhmu aku tetep ning sandingmu

raono panas, raono udan, kowe ngejaki pisahan
tanpo sebab masalah sepele sing dadi alasan
kesel ati iki ngampek pendak dino ora krasan
sering kali kau lukai aku tanpa perasaan

pikiranku uwes berat, jane ati pengen muntab
nesumu cuman sesaat, ora sah pamitan minggat
ra pengen cerito tresno iki berakhir singkat
tekan kapan pun tanganmu bakalan tak gandeng erat

wegah aku kelangan
perjuanganku jempalikan tenanan
tetep kuat ati nglewati cobaan bareng ngadepi rintangan

nekat bakal tak terjang
gedene masalah sing neteki dalan
sabarno atimu, usapen eluhmu aku tetep ning sandingmu

i love you, only you will not be replaced forever, for me together
kuwi artine aku selalu ono ning atimu selawase selamanya untuk selalu bersama

gedene masalah ra bakal iso gawe pisah
tekan kapan pun aku tetep ngadek ra bakal nyerah
walaupun seribu cobaan aku ra urusan
soale nek wes kadung sayang bakal tak jogo tenan

wegah aku kelangan
perjuanganku jempalikan tenanan
tetep kuat ati nglewati cobaan bareng ngadepi rintangan

nekat bakal tak terjang
gedene masalah sing neteki dalan
sabarno atimu, usapen eluhmu aku tetep ning sandingmu