kerjo wani rekoso ben uripku sesok mulyo
ra peduli omongan tanggunganku bulanan
anak bojo ro wongtuwo kabeh kui semangatku kerjo
kahanan uripku bedo karo impianku
durung biso nyenengke kabeh keluargaku
sing kepengen lakoni urip kepenak
ayem tentrem bareng wongtuwo bojo ro anak
pacobaning urip kudu ikhlas tak lakoni
senajan roso meri kuwi ono ning ati
rejeki akeh sitik tetep tak syukuri
sing penting diparingi sehat lan nyembadani
duh Gusti Pangeran tulong paringi dalan dinggo nyukupi kabeh kebutuhan
pengen tak bukteke nek aku ra sepele
senajan kahanane koyo ngene
pasukan anti prei budal golek rejeki
kerjo wani rekoso ben uripku sesok mulyo
ra peduli omongan tanggunganku bulanan
anak bojo ro wongtuwo kabeh kui semangatku kerjo
pancen uwis garise uripe dewe-dewe
sugeh kere ning ngarepe gusti ra ono bedane
akehi sodahkohe senajan lagi ra duwe
teko pasrah karo Gusti luwih gede balesane
diakehi dongane diakehi syukure
jarene wongtuwo mbiyen urip gur nggo mampir ngombe
kulo nderek kersane ajeng pripun saene
mugi-mugi gusti ngijabahi kabeh dongane
duh Gusti Pangeran tulong paringi dalan dinggo nyukupi kabeh kebutuhan
pengen tak bukteke nek aku ra sepele
senajan kahanane koyo ngene
pasukan anti prei budal golek rejeki
kerjo wani rekoso ben uripku sesok mulyo
ra peduli omongan tanggunganku bulanan
anak bojo ro wongtuo kabeh kui semangatku kerjo
pasukan anti prei budal golek rejeki
kerjo wani rekoso ben uripku sesok mulyo
ra peduli omongan tanggunganku bulanan
anak bojo ro wongtuo kabeh kui semangatku kerjo