Lirik Nopek Novian feat GTA Band - Pulung

Soyo gede lagi kroso
Abote golek arto
Direwangi jungkir walik
Kerjo totoan nyowo

Sampek kapan uripku dinggo idek-idekan
Pingin comeback malik keadaan

Ngalor ngidul turut ndalan
Golek panguripan
Nandur terus mboten ngertos
Bakal uwohe kapan

Mugi Gusti Pangeran enggal maringi dalan
Ben nasibku pinaringan kabegjan

Opo mungkin sing gak mungkin dadi mungkin
Opo iso sing khayal dadi kenyataan
Urip pisan anane mung dipulosoro
Karo rojo dadakan

Arep nyerah kesatria kok lemah
Senajan susah tetep kudu macak gagah
Ati pitik balung gajah
Wani ndisik ojo wedi kalah

Mboten muluk-muluk pingin sugih pitung turunan
Gusti paringi rejeki deres koyo udan
Jalur langit niku mboten wonten sing iso nglawan
Kulo siap nampi pulung jackpot kehidupan

Opo mungkin sing gak mungkin dadi mungkin
Opo iso sing khayal dadi kenyataan
Urip pisan anane mung dipulosoro
Karo rojo dadakan

Arep nyerah kesatria kok lemah
Senajan susah tetep kudu macak gagah
Ati pitik balung gajah
Wani ndisik ojo wedi kalah

Ati pitik balung gajah
Wani ndisik kersaning barokah