Lirik Denny Caknan - Negoro Angin

Tak tempuh sewelas ewu kilometer
Nyusul awakmu sing nate janji mulih ning aku
Sakwise ngrampungke urusanmu

Tak tekad-tekadke
Masiyo ora tahu ngalami adhem minus siji
Mosok ra ditemoni?
Nekatku mung pengin niliki

Kepisah benua negara angin
Nggayuh tresnamu, rasane wis ra mungkin
Wis bedo semenjak jarak teko
Tiyang sing mbiyen tak kenal, dadi wong liyo

Ternyata LDR pait tenan
Mboten seindah kembang tulip ning taman
Goblogku, isih sayang awakmu
Ngertiyo, ra sudi ngancani jaman susahmu

Isih kebayang-bayang
Isih dadi kenangan
Bekas ambu rangkulanmu
Wangine isih ning atiku

Isih tak kangeni
Isih tak tunggoni
Isih terus tak tangisi

Isih tak kangeni
(Isih tak tunggoni)
Isih tak tangisi
(Isih tak tangisi)
Kenangan sing wingi

Mabur dhuwur melayang-layang
Terbang di atas awan
Ingin melepas rindu, Sayang

Kepisah benua negara angin
Nggayuh tresnamu, rasane wis ra mungkin
Wis bedo semenjak jarak teko
Tiyang sing mbiyen tak kenal, dadi wong liya

Ternyata LDR pait tenan
Mboten seindah kembang tulip ning taman
Goblogku, isih sayang awakmu
Ngertiyo, ra sudi ngancani jaman susahmu

Goblogku, isih sayang awakmu