Lirik Nopek Novian - Ketintang

yen kuwi pancen pilihanmu
mugo iso dadi bahagiamu

rasane kok ngene wong kelangan
kroso adem ning nggon panasan
saiki aku urip dewean
biyen headset siji dinggo barengan

lawang ati iki uwis tak kunci
ojo ngarep-ngarep aku bali
atiku wis ora kuat tenan
nganti kleyang kabur kanginan

ning ketintang atiku mbok cancang
opo salahku opo salahe rosoku?
ora mati lampu kok petenge uripku
nyawang kowe sing kepekso tresno karo aku

yen kuwi pancen pilihanmu
mugo iso dadi bahagiamu

ra kurang-kurang kerlipe lintang
tak gayuh gawe kowe sing tak sayang
nganti kleyang kabur kanginan
angen angenmu ra kenal cukupan

motoku perih yen kelingan polahmu
umbelku mili nganti kentekan tisu

ning ketintang atiku mbok cancang
opo salahku opo salahe rosoku?
ora mati lampu kok petenge uripku
nyawang kowe sing kepekso tresno karo aku

ning ketintang atiku mbok cancang
opo salahku opo salahe rosoku?
ora mati lampu kok petenge uripku
nyawang kowe sing kepekso tresno karo aku

yen kuwi pancen pilihanmu
mugo iso dadi bahagiamu